Amrih Kabegyan Kalian Tanpo Khamar Lan Narkoba (Naskah Khutbah Jumat)



اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا حَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ   فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi  taat dateng sedaya perintahipun, saha nebihi  sedaya awisanipun.  Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci punika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Ampun ngantos kita nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang awisanipun Allah, wonten ing kawontenan kados punapa kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta'ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.





Poro hadirin jum’ah ingkang minulyo
Wonten ing dhalem alam dunya menika, wonten pinten pinten babagan ingkang kedah dipun cekapi antawisipun babagan kasarasan lahir, batin, kebutuhan ekomoni lan sanesipun. Wonthen ing kasampatan punika perlu dipun pigatosaken babagan menawi kasarasan punika pangkal saking kabegyan. Supados angsal badan ingkang saras kitho kedah njagi kasarasan lan madhos rizki ingkang halal lan sae. Alllah SWT paring dawuh :
مُؤْمِنُونَ بِهِ أَنْتُمْ الَّذِي اللَّهَ وَاتَّقُوا طَيِّبًا حَلالا اللَّهُ رَزَقَكُمُ مِمَّا وَكُلُوا
Ingkang Artosipun : “Lan mangana siro kabeh panganan kang halal lan apik  sekang opo kang Allah paring rizki marang siro kabeh, lan padha taqwao siro kabeh marang Allah kang siro kabeh iman marang Allah”.
Nanging sesarengan lampahing wekdhal, kahanan masyarakat kita katah ingkang  ngombe ngombean khamar lan penyalahgunaan narkoba. Kemaksiatan punika samphun nggrogoti masyarakat kita sampun katah korban saking kemaksiatan punika. Kathah korban  korban ingkang asalipun saking putro putro  generasi bangsa. Naudzubillah min dzalik. Kedadosan punika langkung katah wonthen ing masyarakat kutha, hinggo sumrambah datheng padusunan. Ewodene penyakit masyarakat punika kedah dipun berantas kangge mbangun tatanan nilai moral lan tatanan sosial.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Ngimum – ngimuman keras (alkohol) utawa khamer menikaipun kemaksiatan ingkang dados  tradisi ing masyarakat Arab jahiliyah pra Islam uga tradhisi. Kayadene tradisi tradisi kemaksiatan arab pra Islam sanesipun, antawisipun nyembah berhala, judi, prostitusi, perbudakan, lan kapitalisme. Khamer lan masyarakat Arab saka Jahiliyah minangka setunggaling perkawis ingkang mboten saged dipun pisahaken. Mboten sakedik masyarakat arab jahiliyah ingkang konsumsi khamar. Para sahabat nabi SAW sakderengipun wonthen ayat kangge haramaken khamar ugi taksih wonthen ingkang konsumsi khamar. Mula khamar punika saged dados pangkal ingkang nyebabaken permusuhan, pembunuhan, lan peperangan wonthen ing jaman arab jahiliyah. Khamar menika ugi dados salah satunggalipun agenda utama misi kenabian Muhammad SAW ingkang kedah dipun hapusaken. Saenggo kangge berantas sifat sifat jahat punika Allah paring larangan ingkang tegas kangge manungsa supados ninggalaken kelakuan ingkang mboten mulya punika. Kaya dene firman Allah :  

 
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Ingkang artosipun : “Hai wong-wong kang pada Iman, satuhune khamar, judi, kurban marang berhala, ngundi nasib  karo panah iku panggaweyane setan. Padha ngadohono siro kabeh marang penggawean pengawean niko supoyo siro kabeh oleh kauntungan.
 Jama'ah Jum'at Rahimakumullah
Wonten jaman menika mboten khamer mawon ingkang saged ngerusak akal lan kasarasan, ananging wonten ugi obat obatan ingkang dipun larang inggih punika dipun sebut narkoba. Narkoba punika saged nyebabaken gangguan akal, kesadaran lan saged ngerusak badan serta nyebabaken gangguan dateng pendaleman lan saget damel pejahing tiyang ingkang kecanduan narkoba. Narkoba lan khamer menika bahaya nipun sami mawon lan kudu dipun waspadai.
Jagad Internasional sampun nyatakake perang marang obat-obatan  narkoba lan ing negara Indonesia sampun dipun tetapaken UU Anti Narkoba. UU punika dipun maksudaekn kangge mutus mata rantai peredaran narkoba, jerat kangge pengedar, konsumen, lan tiyang ingkang nyimpen narkoba. Wonten UU Republik Indonesia Nomor 2 saka 1997 babagan Narkoba, Wonthen Pasal 85, tiyang ingkang nangge narkoba dipun hokum penjara 1 dumugi 4 tahun, Pasal 78 kangge tiyang gadahi narkoba dipun paring hukuman penjara maksimal 10 tahun lan denda 500 yuta, pasal 84 kangge tiyang ingkang ngearaken narkoba dipun kurung 5 dumugi 15 tahun lan denda 200 yuta henggo 750 yuta. Padal 80 kangge tiyang ingkang damel narkoba dipun hokum wonten ing penjara 7 tahun ngantos seumur hidup lan denda 200 yuta hingga 1 Milyar.
Kaliyan Pidana lan denda punika badhe nimbulaken raos nyesel, dosa, lan salah wonten awakipun piyambak lan dadosaken urip mboten saras. Pramilo kangge nyiptakaen urip ingkang saras lan bebas saking narkoba, mugiyo kangge ingkang ngalami masalah punika saged mbangun lan ndandosi kualitas kehidupanipun.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Kita kedah sadar menawi kabecikan moralitas gumantung marang akal. Menawi pikiran menika sadar, sehat, banjur tumindak ingkang sae mboten bakal dipunganggu lan saged dipunatur kanthi sae. Ananging menawi pikiran kaganggu, mboten sadar lan mboten sehat banjur piyambakipun mboten saged  nggunakaken margi ingkang sae, ananging badhe kenging pengaruh hawa nafsu lan syaitan. Pramilo saben perkawis ingkang nyebabaken akal sehat ingkang rusak utawi mabuk lan narkoba dipun larang dening Gusti Allah
Poro hadirin jum’ah ingkang minulyo
Wusananipun atur mangga kita sami ikhtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita ingkang kita tindakaken wageda bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. Wosing atur mboten sanes sumangga patrap anggen kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa dhateng Allah punika ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga kapribaden kita dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning masyarakat umat Islam sayektosipun. Milo sumunggo kito sesarengan njagi kasarasan badhan lan nyadari serto nebihi saking kehidupan kitha lan putra wayah kita saking kemaksiyatan konsumsi narkobna lan khamar ugo kita sesarengan ningkatakaken iman lan amal soleh kangge amrih ridhonipun Allah. Mugi mugi kita tansah kaparingan pitedahipun Allah tansah waged nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta'ala. Amin.

بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم، ونفعنى وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم بتلاوته إنه هو السميع العليم، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم


KHUTBAH KAPING KALIH SHALAT JUMAT

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ .


0 komentar: